Tuesday 24 November 2015

pidato bahasa jawa memperingati hari pramuka



Assalamualaikum wr.wb

 Ingkang kapisan mangga Puji syukur tansah kula lan panjenengan aturaken dhateng ngersanipun gusti  ALLAH, Gusti ingkang murbaeng dumadi, saengga kula kalihan panjenengan saged mangempal dhateng mriki.

         Lan sugeng rawuh kula aturaken dumateng bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, para bapak kaliyan ibu guru ingkang kinurmatan, lan para sedherek sedulur sedaya ingkang kula tresnani.

             Ing wekdal punika kula badhe ngaturaken bab musabab mengeti dinten pancasila. Kula kaliyan panjenengan sedaya sampun pirsa menawi tanggal 14 agustus  niki kula kaliyan panjenengan mengeti dinten pramuka. Kathah manfaat ingkang saget kula kaliyan panjenengan pirsa lan pundhut ing wontene dinten pramuka niki.  Wontene kagiyatan pramuka datheng mriki nyebabaken kaprigelane para sedherek tansah di pun gladi. Manfaat lintune wontene kagiyatan pramuka niki ndadosaken para sedherek saget mlampahaken organisasi, utawi nggladi para sedherek sedaya ngabdi dhateng masyarkat ing panggon mriki. Kulo aturaken syukur marang Gusti Allah, amargi sedaya kagiyatan pramuka niki dipun dukung kaliyan sedaya warga sekolah, kula nggih maturaken suwun dhumateng bapak kepala sekolah lan sedaya dewan guru ingkang sampun maringaken dana saengga  kula lan para sedherek saget mlampahaken organisasi niki anganti dados organisasi pioner.
    
         Lan sampun kathah prestasi ingkang kula lan para sedherek sampun angsal, contonipun juara setunggal pesta penegak ingkang dipun adaaken dening dinas pemuda jawa timur.  Sedaya prestasi niku kula lan sedherek aturaken dhateng kepala sekolah kaliyan bapak ibu guru ingkang sampun pinaring pitedhah, wejangan lan pitutur ingkang saget ndadosaken sedherek sedaya tansah nggadah semangat makantar kantar,  lan organisasi pramuka saged mlampah sae lan apik.

           Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, kula nggadah pangarep arep wontene pengetan dinten pramuka niki ndadosaken para kawula enom saget guyub rukun lan tansah tulung tinulung.

          Mbok bilih sangking atur kula wonten luput lan mboten kersa dhateng batin panjenengan sedaya kula aturaken pangapunten ingkang kathah, lan kula pirsa ingkang mboten tau salah namung Gusti ALLAH.

Kula cukupaken mawon, matur nuwun kula aturaken  wassalamualaikum wr.wb

No comments :

Post a Comment