Thursday 10 December 2015

geguritan tema kritik pemerintah



Bungkus gunemanmu
dening : ali corbanims

Mugo biso ngelingake sira.

Ingkang pun kasirep donya brana.

Kang ora abadi lan ora nganti dipanggul mati.

Tak sawang sliramu tansah ngobral gunem lan janji.

Kang ora ono  kang mbok owahi.

Namung kosong koyo agunging mega.

Lungguh ing kursi jabatan.

Memper raja saking negeri khayangan.

Nanging polah tingkahmu kaya kesetanan.

Turu nang ruang sidang nagara.

Lan bebuwang larahan nganti sak paran paran.

Opo iki sing dikarepake pemerintahan lan persatuan.

Aku mung biso ngelus dhada.

Lan tansah ndonga.

Mugo mugo sira diwenehi kasadaran.


No comments :

Post a Comment