Wednesday 13 March 2019

geguritan tentang keberanian dan semangat



Karipto dening
HAIDAR ALI
Atiku latu bara

Atiku ora tau surub , tansah murub

tumrap jroning dhodho

Nadyan digrujug pawarta ala

Nadyan bebaya tansah mara

Nanging atiku ora cupet tansah padang

abang mbranang nantang kahanan

Ora jirih babar pisan

Wutuh tagon ora ajur mawur

Kabuntel abang mbranag getih

Cuminthak ing sukma

Manggal jiwa

No comments :

Post a Comment