Wednesday 7 December 2016

geguritan tentang kota surabaya

manunggal kutha

haidar ali
twitter @lihaidar

iki kutha
mandek ireng kaya letek
duwek muter saya sumpek
msbune wangi ora apek
iki kutha
surabaya sing kondang 
dadi jujukan negeri seberang
resik endah babar pian
iki suroboyo
omah pangarep sing wis ngilang
pados elmu nganti wengi
nganti wate ajure awak iki
nang suroboyo
aku weruh kudu lapo
aku weruh aku sopo
gawe sangu banda donya
surabaya
kaya kopi warung cak jo
legi pait dadi rasa
nggonku manggon nganti tuwa

No comments :

Post a Comment